Minggu, 27 Januari 2013

Drama Jawa Tradisional


Tembang Bumi Blambangan

Patih Jathasura              : “Sedhah Merah, arepa kepriye bae aku iki calon garwamu. Kanjeng Adipati Siung Laut wis paring pangestu. Mula aku duwe hak kanggo ngawat-awati sapari polahmu.”
Dewi Sedhah Merah     : “Kula ambali sepisan malih paman patih Jathasura. Kula mboten tresna dhumateng panjenengan. Pramila kula aturi munggel dumugi semanten kemawon anggen panjenengan gadhah panjangkah badhe palakrama kaliyan kula.”
Patih Jathasura              : “Aku ora perduli kabeh mau. Kang wigati aku wis antuk palilah saka wong tuwamu kanggo nresnani jeneng sira. Yen nganti ana pawongan kang wani ngganggu jeneng sira, bakal dak gawe pangewan-ewan kaya Carang Gupita nalika semana.”

Patih Jathasura              : “Bocah prajurit, kena apa kowe kok tatu arang kranjang kaya ngono, he?”
Prajurit                          : “Sareng kula badhe mlebet papan mriku, jebul wonten prajurit kathah sanget ingkang sampun ngepung kula sakanca, Ki Patih.”
Patih Jathasura              : “Dadi wis dadi paperangan antarane kowe klawan prajurit-prajurit mau?”
Prajurit                          : “Sampun Ki Patih. Nanging kula sakanca kawon. Malah namung kula ingkang tasih gesang.”
Patih Jathasura              : “Kira-kira prajurit saka ngendi kang dumunung ing padhepokan Ragajampi kuwi?”
Prajurit                          : “Menawi mboten klentu prajurit saking negeri Mataram, Ki Patih.”
Patih Jathasura              : “Saiki kowe menyang panti usada kana.”
.............................................
Ajar Sapala                   : “Menawi kersa panjenengan badhe ngrabasa perang dhateng kadipaten Blambangan samenika ugi, kula namung ngayogyani, pangeran.”
Pangeran Jolang            : “Saperangan siswa ing padhepokan Ragajampi mriki ugi kula kanthi minangka jangkeping kekiyatan kula, Bapa.”
Ajar Sapala                   : “Inggih pangeran. Siswa-siswa padhepokan Ragajampi mriki sampun samekta sabiyantu dhumateng panjenengan.”
Pangeran Jolang            : “Matur nuwun, bapa ajar Sapala. Sepisan malih pangestu panjenengan ingkang kula suwun, mugi-mugi kula sageta nggulung gendera kadipaten Blambangan, saha ngraket adipati Siung Laut.”
................................................
Patih Jathasura              : “Edan tenan, wong Mataram emoh kedhisikan. Prajurit, mungsuh wis teka, aja padha pegat ing kaprayitnan. Ayo padha diadhepi wong-wong Mataram kae.”
.................................................
Pangeran Jolang            : “Wong kadipaten Blambangan, luwih becik nungkula tinimbang papan dunungmu dadi karang-abang.”
Patih Jathasura              : “Aja kumalungkung dhisik kowe, he. Kowe mlebu ing kadipaten Blambangan padha karo mlebu ing kandhange macan. Mula luwih becik kowe padha baliya tinimbang dadi pangurbanan ing papan kene.”
...................................................
Patih Jathasura              : “Ayo terus maju...! Ganyang prajurit Mataram...!”
Pangeran Jolang            : “Aja padha wedi ngadhepi mungsuhe negara. Terus serang wong-wong Blambangan.”
...................................................
Raden Cindhe Amoh    : “Ayo disirnakake kabeh wong-wong Mataram...!”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar